Minggu, 24 Januari 2016

Aneh-Aneh Wae





Bis jurusan Purwokerto-Jogjakarta wis mlebu terminal Jogjakarta, niku artine aku lan ibu wis arep tekan omahe simbah. Preinan iki aku lan ibu menyang omahe simbah.Wancine wis 18.00, wis ora ana bis sing menyang daerah samas, bantul, jogjakarta.
Bis wis mandhek, kabeh penumpang mudhun aku lan ibu uga mudhun. Aku lan ibu lenggah riyin ing ngarepe langgar terminal. Ibuku katon pucet lan kesel sawise numpak bis pemalang-jogja 9 jam.
“Bu, sholat rumiyin” ajakku
“Mangke riyin dek, ibu taksih mumet lan mual ki” wangsulane ibu
“Inggih sampun bu, dede sholat maghrib rumiyin nggih”
“Yo mriko, ati-ati ibu ngentosi mriki mengko gantian”
Aku mlebu langgar lan ibu tetep lenggah ing ngarepe langgar kaliyan nunggu barang gawan. Aku maring papan kanggo wudhu, enggal-enggal wudhu lan sholat maghrib. Lajeng sawise sholat aku mlaku tumuju papan wau ibu lenggah.
“Bu, dede sampun rampung”
“Yo, ibu sholat riyin gantian” kata ibu lajeng mlebu langgar. Aku lenggah dewekan kaliyan njaga barang-barang gawan.
Ujug-ujug saka kadohan ana 2 wong tampange sangar mlaku maring arah papan aku lenggah. Aku wedi, wong kuwi wis cedhak, aku wedi karo wong iki. Aku dekep tas lan barang gawan. Wong 2 kuwi tambah cedhak.
“Mba, eke takon ndeleng kancane eke?” takon salah sijine wong
“Hahaha” aku mung ngguyu. Wong sing tampange sangar ngomonge banci ngono
“Kok malah ngguyu cin” kata wong sing sijine malih
“Eh mboten ngertos om, aku ora ngerti kancane om” wangsulanku
“Eh om om panggil eke “neng” dudu om”
“Hahaha, iyo neng” ora krasa aku ngguyu ngakak
2 wong kuwi wis lunga kaliyan kesel amarga awit wau aku ngguyu terus. Ibu nyedaki aku lan ibu ngajak aku enggal menyang omahe simbah amarga wis bengi. Nanging bis sing menyang omahe simbahku wis ora ana akhire aku lan ibu numpak ojek. Semilir angin bengi nusuk klambiku, atis tenan jogja iki. Tekan omahe simbah skitar wanci 21.30. Aku wis ngantuk tenan, akhire aku langsung bobok ora papung riyin.
Srengengene wis njedul. Aku tangi enggal-enggal njupuk banyu wudhu lan sholat subuh. Aku mriksani ibu wis tangi lan wis melu mbantuni masak kaliyan bulik ing pawon. Sawise sholat subuh aku metu omah kanggo mlaku-mlaku tekan ngebrak utawa sawah. Udara ing desa celep pancen enak ora ana polusi, nek  nyawang sing katon mung wit kelapa lan godhong ijo royo-royo.
Sawise mlaku-mlaku aku ngrasaake ngelak sanget. Ing ngarepan omah aku nemoake ana cangkir lengkap kaliyan banyu putih, enggal-enggal aku nginung banyu kuwi. Mmm rasane rada aneh sih, tapi lumayan wis ora ngelak malih. Ucapku ing njero ati. Ngerti-ngerti saka njero omah simbah putri metu lan bingung.
“Mbah madosi napa?” pitakonku
“Kowe ningali cangkir sing isine toya petak, nduk?”
“Niki napa mba?” pitakonku malih karo ngulungake cangkir wau.
“Lah iyo iki cangkire, nanging neng endi toyane, nduk”
“Sampun aku unjuk mbah”
“Waduh toya kuwi ki toya bekas untune simbah jeh iki untune” wangsulane simbah karo nunjuaken untu palsune
“Hoekk hoekk” aku nyoba ngetoake banyu sing wis aku ombe.
“Kowe ombe nduk?”
“Inggih mbah” aku enggal-enggal mlebu omah lan golet banyu putih kanggo ngilangi rasa ora enak iki. Hasemm pantes ora enak jebule bekas untu palsune simbah. Hoekkk hoekkk. Wong sing neng jero pawon ngguyu cekikikan. Aku mung bisa nunduk isin.
Ora krasa wis 7 dina aku lan ibu neng omahe simbah. Lan sekedap malih sekolah wis mlebu. Aku lan ibu wangsul menyang pemalang diterke paklik menyang terminal, lan kedah numpak bis malih nganti pemalang 9 jam wancine. Tekan pemalang aku lemes tenan amarga ing dalan aku mabuk :D


“Dhian cerkak”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar