Bis jurusan
Purwokerto-Jogjakarta wis mlebu terminal Jogjakarta, niku artine aku lan ibu
wis arep tekan omahe simbah. Preinan iki aku lan ibu menyang omahe simbah.Wancine
wis 18.00, wis ora ana bis sing menyang daerah samas, bantul, jogjakarta.
Bis wis mandhek, kabeh
penumpang mudhun aku lan ibu uga mudhun. Aku lan ibu lenggah riyin ing ngarepe
langgar terminal. Ibuku katon pucet lan kesel sawise numpak bis pemalang-jogja
9 jam.
“Bu, sholat rumiyin” ajakku
“Mangke riyin dek, ibu taksih mumet lan mual ki”
wangsulane ibu
“Inggih sampun bu, dede sholat maghrib rumiyin
nggih”
“Yo mriko, ati-ati ibu ngentosi mriki mengko
gantian”
Aku mlebu langgar lan
ibu tetep lenggah ing ngarepe langgar kaliyan nunggu barang gawan. Aku maring
papan kanggo wudhu, enggal-enggal wudhu lan sholat maghrib. Lajeng sawise
sholat aku mlaku tumuju papan wau ibu lenggah.
“Bu, dede sampun rampung”
“Yo, ibu sholat riyin gantian” kata ibu lajeng mlebu
langgar. Aku lenggah dewekan kaliyan njaga barang-barang gawan.
Ujug-ujug saka kadohan
ana 2 wong tampange sangar mlaku maring arah papan aku lenggah. Aku wedi, wong
kuwi wis cedhak, aku wedi karo wong iki. Aku dekep tas lan barang gawan. Wong 2
kuwi tambah cedhak.
“Mba, eke takon ndeleng kancane eke?” takon salah
sijine wong
“Hahaha” aku mung ngguyu. Wong sing tampange sangar
ngomonge banci ngono
“Kok malah ngguyu cin” kata wong sing sijine malih
“Eh mboten ngertos om, aku ora ngerti kancane om”
wangsulanku
“Eh om om panggil eke “neng” dudu om”
“Hahaha, iyo neng” ora krasa aku ngguyu ngakak
2 wong kuwi wis lunga
kaliyan kesel amarga awit wau aku ngguyu terus. Ibu nyedaki aku lan ibu ngajak
aku enggal menyang omahe simbah amarga wis bengi. Nanging bis sing menyang
omahe simbahku wis ora ana akhire aku lan ibu numpak ojek. Semilir angin bengi
nusuk klambiku, atis tenan jogja iki. Tekan omahe simbah skitar wanci 21.30.
Aku wis ngantuk tenan, akhire aku langsung bobok ora papung riyin.
Srengengene wis njedul.
Aku tangi enggal-enggal njupuk banyu wudhu lan sholat subuh. Aku mriksani ibu
wis tangi lan wis melu mbantuni masak kaliyan bulik ing pawon. Sawise sholat
subuh aku metu omah kanggo mlaku-mlaku tekan ngebrak utawa sawah. Udara ing
desa celep pancen enak ora ana polusi, nek nyawang sing katon mung wit kelapa lan godhong
ijo royo-royo.
Sawise mlaku-mlaku aku
ngrasaake ngelak sanget. Ing ngarepan omah aku nemoake ana cangkir lengkap
kaliyan banyu putih, enggal-enggal aku nginung banyu kuwi. Mmm rasane rada aneh sih, tapi lumayan wis ora ngelak malih. Ucapku
ing njero ati. Ngerti-ngerti saka njero omah simbah putri metu lan bingung.
“Mbah madosi napa?” pitakonku
“Kowe ningali cangkir sing isine toya petak, nduk?”
“Niki napa mba?” pitakonku malih karo ngulungake
cangkir wau.
“Lah iyo iki cangkire, nanging neng endi toyane,
nduk”
“Sampun aku unjuk mbah”
“Waduh toya kuwi ki toya bekas untune simbah jeh iki
untune” wangsulane simbah karo nunjuaken untu palsune
“Hoekk hoekk” aku nyoba ngetoake banyu sing wis aku
ombe.
“Kowe ombe nduk?”
“Inggih mbah” aku enggal-enggal mlebu omah lan golet
banyu putih kanggo ngilangi rasa ora enak iki. Hasemm pantes ora enak jebule bekas untu palsune simbah. Hoekkk hoekkk.
Wong sing neng jero pawon ngguyu cekikikan. Aku mung bisa nunduk isin.
Ora krasa wis 7 dina
aku lan ibu neng omahe simbah. Lan sekedap malih sekolah wis mlebu. Aku lan ibu
wangsul menyang pemalang diterke paklik menyang terminal, lan kedah numpak bis
malih nganti pemalang 9 jam wancine. Tekan pemalang aku lemes tenan amarga ing
dalan aku mabuk :D
“Dhian cerkak”